Kidung
KPJ 189 Gusti Allah Pangayom Setya
Jml bait: 0
KPJ 188KPJ 190
1
Gusti Allah Pangayom Setya,
tansah ngrimati umatnya.
Lir pangon rumeksa mendanya.
Mula arum ngandikannya.
Ora bakal Aku tega,
tan bakal nilar mring sira.
2
Mula kita mosik ing ati,
Aku bakal ora wedi,
awit Gusti Kang Mahasetya
datan tega nilar kita.
Manungsa bisane apa,
katandhing Allah Makwasa.
3
Payo para sagunging titah
padha ngabekti mring Allah.
Datan bakal sira kagelan,
Gusti paring katentreman.
Pangeran tan bakal cidra,
rumeksa ing salamanya.
Referensi Aransemen :
KPJ 189
KPJ 188KPJ 190