1
Biyen nglirwakake sabdaning Gusti
mung karepe dhewe kang den turuti
samangke mratobat nyadhong sihrahmat
urip sumarah ing karsaning Allah.
Mula payo enggal dipadha gumregah!
Mrih sajagad wrata ngluhurken Allah.
2
Biyen tansah melik bandha kadonyan,
samangke ngupadi bandha kaswargan.
Kanthi anoraga gondhelan Gusti,
dadya tatag, kendel labuh sesami
3
Biyen dhemen cidra, gawe cilaka,
datan nggape maring hake wong liya.
Mangkya setya remen ulah katresnan,
ngajeni sesami jroning bebrayan