1
Urip kang samesthine, lamun tansah ngucap sukur,
Neng ngarsane Sang Kristus, tan pantes takabur.
Reff
Jroning susah lan bungah sadhengah kaanan,
Aku angidung memuji sukur, yeku karsa-Nya!
2
Nadyan prahara nempuh sarta ombak anyempyuh,
aku trus muji sukur, konjuk mring Gustiku.
Reff
3
Kanggo apa uripmu, lamun tanpa ngucap sukur?
Kristus dadya Panebus, pasrah kanthi tulus.
Reff
4
Dhuh Gusti mugi rena nampi atur kawula,
Roh Suci anunggila, nuntun ing samarga.
Reff