1
Saosna badanmu minangka korban
kang urip lan suci konjuk mring Pangeran;
yeku pangibadahmu tulus satuhu,
wit kersaning Allah aneng uripmu.
2
Aywa madha rupa kalayan jagad.
Salina budimu karana sih-rahmat,
murih bisa niteni karseng Makwasa;
salir kang prayoga miwah sampurna.