Kidung
KPJ 179 Pisungsung Kagem Gusti
Jml bait: 2
Style: CountryShuffle
KPJ 180
1
Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah;
tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah.
Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya;
yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya.
Reff
Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah;
srana penambut kardi, saged nampeni berkah.
Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan,
yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan.
2
Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan;
ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang.
Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati;
tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti.
Reff


Referensi Aransemen :
KPJ 179

Reff Style : CountryShuffle ; MM

Reff Chord : KPJ 179
Chord KPJ 179
KPJ 180