1
Para manuk ora tau anyebar,
ngeneni utawa nandho andhungan,
ewa dene Ramanu ing Suwarga,
ngingoni pra manuk sadina-dina.
2
Lan maneh kembang kang ana ing bumi
ya tan nyambut gawe lan ora ngantih;
wadene Sang Prabu agem-ageme,
isih kongkulan kembang busanane.
3
Kang iku sabdane Gusti Panutan,
"Sira, sekabatku aja sumelang
mungguh ing panguripanira; sira
dahat ngungkuli manuk lan puspa"