Kidung
KPJ 176 Padha Saosa Sokur
Jml bait: 0
KPJ 175KPJ 177
1
Padha saosa puji sokur marang Allah Kang Mahaluhur;
wulang bab asmane suci, den gelarna aneng bumi.
Pangwasane disuwurna, aneng tengahe pra bangsa.
2
Padha saosana pamuji klawan masmur lan kidung suci.
mukjijate caritakna marang sakehing manungsa.
Padha luhurna asmanya klawan panabuhing gangsa.
3
Abungaha wong kang ngupaya pangayunane Kang Makwasa,
padha anitik-niitika, mungguh kwasane Pangeran.
Ngupayaa wedanane, elinga mring mukjijate.
4
Yehuwah ngengeti sabdane lan prasetyane mring abdine,
kalawan bungah umate denirid dhateng tanahe;
supaya anetepana lan ngestokna pranatannya.


Referensi Aransemen :
KPJ 176

Cross Reff :
KPK 131 KPKA 111

Reff Chord : KPJ 176
Chord KPJ 176
KPJ 175KPJ 177