Kidung
KPJ 172 Manungsa Nanem Wiji
Jml bait: 0
KPJ 171KPJ 173
1
Manungsa nanem wiji taberi ngrimati,
nging tuwuh miwah suburnya Allah kang mberkahi.
Pangeran paring jawah lan sunaring surya,
temah mbiyet wohira kathah tan kinira.
Sagung kang prayogi nugrahaning Gusti.
Mila sumangga memuji kanthi trusing ati.
2
Saliring kang cinipta agal wah alusa,
ardi gung miwah samodra sarta manawasa,
datan kalirwakaken wus tamtu rinimat.
Tedha kula lumintu, mboten nate kendhat.
3
Atur panuwun kula konjuk mring Sang Rama
de sampun paring nugraha sandhang miwah tedha
datan saged winical krana kanthahira.
Pujia Sang Rama Mamirah wah loma.
Referensi Aransemen :
KPJ 172

Cross Reff :
KPKA 181 KJ 335
KPJ 171KPJ 173