1
Lubering berkah sing Gusti, yeku prajanji suci;
urip mulya aneng swarga, pinaringken Sang Putra.
Reff
Berkahing Gusti, iku dak anti anti,
sayogya tansah tinampi klayan tulusing ati.
2
Lubering berkah sing Gusti, dadya seger uripku
saka gunung miwah lembah, lir grojogan keprungu.
Reff
3
Lubering berkah sing Gusti, iku kang daksesuwun;
"Aparinga luber agung, maring umat sadarum!"
Reff
4
Lubering berkah sing Gusti, iku kang kita anti;
atiku tansah binuka, dienggal kaparingna!
Reff