Kidung
KPJ 169 Lamun Kawula
Jml bait: 0
KPJ 168KPJ 170
1
Lamun kawula, dhuh Rama, darbe atur panyuwun,
mugi kula nggih sageda nrimah sakarsanipun.
Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."
2
Sagung peparinge Allah saestu munpangati;
mila kula tansah nrimah, sarta kanthi pamuji.
Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."
3
Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur;
mila sisah, karibedan, aturna Kang Maluhur.
Lir pandonganipun Gusti, "Ywa pikajeng kawula,
mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna."


Referensi Aransemen :
KPJ 169

Cross Reff :
KJ 460 KK 676 NR 154 KPKA 110

Reff Chord : KPJ 169
Chord KPJ 169
KPJ 168KPJ 170