Kidung
KPJ 167 Kula Tansah Ngraosken Bingah
Jml bait: 0
KPJ 166KPJ 168
1
Kula tansah ngraosken bingah, wit sih kamirahaning
Allah ngganjar wilujeng dhateng kula lantaran kurbaning sang Putra.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
2
Kula tansah manggih kabegjan wit karoban ing kamirahan,
saliring kabetahan kula kacekapan ing wancinira.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
3
Kula sinungan kasarasan krana sih-mirmaming Pangeran
temahan saged nambut kardi margining pikantuk rejeki.
Mila kula saos pisungsung tandha sokur mring Allah Maagung,
wit yektine gesang kula namung krana lubering sih-rahmatnya.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 184
KPJ 166KPJ 168