Kidung
KPJ 161 Jiwa-Raga Kawula
Jml bait: 0
Style: Live8Beat
KPJ 160KPJ 162
1
Jiwa raga kawula konjuk mring Sang Pamarta,
mugi dados lantaran kamulyaning Pangeran,
kamulyaning Pangeran.
2
Tangan-suku kawula nindakken pakaryannya,
mrih sesami basuki, nampeni sihing Gusti,
nampeni sihing Gusti.
3
Dalah kedaling ilat nggih ngundhangken sih-rahmat,
temah asmaning Gusti datan kendhat pinuji,
datan kendhat pinuji.
4
Bandha lan kasugihan, wekdal, wah kasagedan,
nggih gesang sawetahnya dadya pisungsung nyata,
dadya pisungsung nyata.


Referensi Aransemen :
KPJ 161

Cross Reff :
KJ 365b KPKA 187 NKI 97 KPPK 350 NP 297 KPS 62

Reff Style : Live8Beat ; MM 86

Reff Chord : KPJ 161
Chord KPJ 161
KPJ 160KPJ 162