Kidung
KPJ 160 Gusti, Kawula Ngaturken Badan-Nyawa
Jml bait: 0
KPJ 159KPJ 161
1
Gusti, kawula ngaturken badan nyawa kawula,
sumangga Paduka agem kawula kagunganta.
Bingah sisaha kula
marem nunggil Paduka,
dhuh Gusti purbeng tresna,
kula pasrah Paduka.
2
Datan wonten andel-andel
namung Paduka Gusti;
mila kawula kumandel
pasrah kang trus ing ati.
3
Raja brana, kasugihan,
dalasan kasagedan,
kagema dados lantaran
babaring kabingahan.
Referensi Aransemen :
KPJ 160

Cross Reff :
KPKA 89
KPJ 159KPJ 161