Kidung
KPJ 16 Langit Tansah Nyariyosken
Jml bait: 4
Style: Cool8Beat
KPJ 15KPJ 17
1
Langit tansah nyariyosken kamulyane Hyang Agung,
wah akasa mratelakken yasaning astanipun.
Rinten dalu tan kendhat, wartanya ngebakirat.
2
Sanadyan datan wicanten tan wonten tetembungan,
nging samangsa dèn tilingken tansah nggunggung Pangéran.
Paseksinya nyrambahi ing salumahing bumi.
3
Pangéran murbéng jagad-rat kang ngrimati pra titah.
Surya kang mlampah tan kendhat, nggih krana rèhing Allah.
Saliring kang dumadi nélakken sihing Gusti.
4
Mugi Gusti nggih karenan isining manah kula.
Gung panggunggung mring Pangéran, pangayoman sanyata.
Pinujia tan kendhat Panebusing pra umat.
 


Referensi Aransemen :
KPJ 16

Cross Reff :
KPK 4 KP 93

Reff Style : Cool8Beat ; MM 84

Reff Chord : KPJ 16
Chord KPJ 16
KPJ 15KPJ 17