Kidung
KPJ 159 Gesang Kawula
Jml bait: 0
KPJ 158KPJ 160
1
Gesang kawula, Gusti,
lumados mring Paduka.
Saben kula makarti,
Paduka kang makarya.
2
Mobah-mosiking driya
wah pangangkah kawula,
mrih prayogining lampah,
mbabarna karseng Allah.
3
Kedaling ilat kula,
solah-bawa trapsila,
namung tansah nelakna
sagung ing sih Paduka.
4
Bandha lan kasagedan
katur minangka kurban,
cihnaning pangabekti
sinaosken mring Gusti
5
Gesang ing sawetahnya
Paduka kang kagungan.
Gusti jumeneng raja
ngantos dugeng wekasan
Referensi Aransemen :
KPJ 159

Cross Reff :
NR 160 KJ 365c PS 376
KPJ 158KPJ 160