Kidung
KPJ 158 Ditansah Padha Bungaha
Jml bait: 0
KPJ 157KPJ 159
1
Ditansah padha bungaha nampeni kabegjan swarga,
karana kita wong dosa ingentas saking antaka.
Tansah bungah ing patunggilane Gusti,
tansah bungah, wit sinung gesang sejati
2
Tansah ulah kabecikan,
dhemen aweh pitulungan,
yeku pratandhaning sokur
mring sihing Allah Maluhur.
3
Ditansah mantep pracaya,
tan was-sumelang ing ati.
Tegen nyenyuwun, ndedonga,
pasrah, wit Gustimu nganthi.
4
Ditansah padha bungaha,
wit antuk tentrem-raharja.
Gustimu ngreksa slamanya
saparan lakunira.
Referensi Aransemen :
KPJ 158
KPJ 157KPJ 159