1
Alon sang surya gumiwang, candhik ayu memayu.
Kita antuk pangasoan kanthi tentrem rahayu.
Reff
Tilingna swara manis ing gentha pandonga
sokur padha aturna. He, gentha, ngumandhanga
dadya sanguning nendra.
2
Sang ratri nglimputi bumi abyor cahyeng kartika
nelahi nyunarken asma Pamarta Gusti kita.
Reff
3
Kasugengan duk ing ratri ngambaraken rum-wangi
rereh sing bot kasanggi ayom ing sihing Gusti
Reff