Kidung
KPJ 15 Kula Tumenga Mring Gusti
Do = G 4 ketuk MM
Jml bait: 2
KPJ 14KPJ 16
1
Kula tumenga mring Gusti
kang pinarak ing swarga,
kados mripatipun abdi,
mulat dhateng Gustinya.
Nggih mekaten mripat amba,
mandeng mring Gusti kula,
ngajeng ajeng pitulungan,
ngadhang rentahing sihnya.
2
Mripat amba tansah mandeng
dhateng Allah kawula
kados abdi ingkang nyawang
mring astaning Gustinya
sami ngadhang pitulungan;
saking Kang Sinuwitan;
nggih makaten ingkang abdi
nyadhong piwlasing Gusti.
 


Referensi Aransemen :
KPJ 15

Cross Reff :
KPK 39

Reff Chord : KPJ 15
Chord KPJ 15
KPJ 14KPJ 16