Kidung
KPJ 140 Sihe Allah Gung Sanyata
Jml bait: 0
KPJ 139KPJ 141
1
Sihe Allah gung sanyata mring kawula tyang dosa;
sing bangsa sanes umatnya ingangkat dados putra,
tinebus Sang Kristus Gusti, gesang enggal sayekti.
Nindakna pakarti luhur, yeku tandha ning sokur.
2
Sih - nugrahaning Pangéran, peparing lelahanan.
Tan wonten dosa duraka kang datan ingapura.
Nging tyang kang wangkot ing ati, pracaya mung ing lathi,
pinagas saking sih-rahmat, sangsara ing akérat.
3
Sihing Allah sèstu adya, nentremken tyang pracaya
pinurih dadya rowangnya, mbabar kratoning swarga.
Awit katresnaning Allah, karaharjan sumrambah.
Asmanipun kaluhurna, samangkya lan slaminya.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPK 120
KPJ 139KPJ 141