1
Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran,
wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan
Reff
Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti,
wit ing ayoming sihira sestu tentrem raharja.
2
Kula rinoban ing begja rinten-dalu tan kendhat,
ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat
Reff
3
Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah,
mangsa kang silih-gumanti, samukawis mung endah
Reff
4
Kawula nggih binerkahan lantaran mitra-kadang;
sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan.
Reff