Kidung
KPJ 133 Pracaya Lan Pasrah
Jml bait: 0
KPJ 132KPJ 134
1
Pracayaa lan pasrah mring Allah Makwasa,
salir prihatinira tamtu enggal sirna.
Ngambah margining Gusti sira den berkahi,
tansah antuk kabegjan, datan kawirangan.
2
Lamun sira nggresula, iku tanpa guna;
tuwas muwuhi susah, angedohken bungah.
becik nitèni berkah peparingé Allah,
mrih salir sedyanira tinuntun sembada.
3
Sapa bisa njajagi mring karsaning Gusti?
Sira tan darbé kwasa ngulur umurira,
mung tansah mbudidaya sinartan pandonga,
suméndhé mring Pangéran, murih kaleksanan.
4
Lamun nyangga momotan, ingancam bebaya,
ngungsia mring Pangeran, ywa semplah ing driya;
sira rineksa Gusti, mrih datan bilai,
tan sandé linuwaran wah sinung kraharjan.
Referensi Aransemen :
KPJ 133

Cross Reff :
KPKA 79 NR 130
KPJ 132KPJ 134