1
Nitenana sihe Gusti kang mbayu mili
Ywa manut bujuking Iblis, wohe mung pati
Dipanggah kanthi sumarah kang trusing manah,
kasorna panggodha srana tegen ndedonga.
2
Nadyan den iming-imingi bandha sadonya,
milaur setya mring Gusti, sinungan swarga.
3
Iblis nawéni kamulyan pinunjul adi,
nging manungsa panggah dados Putraning Gusti.
4
Iblis nggèndhèng nilar Allah, nging tanpa guna,
wit wus mantep ing pracaya, gesang raharja.