1
Kula sèstu ndhèrèk Gusti kang jumeneng Panutan.
Tetep setya dugèng janji, tan wigih karibedan.
Reff
Dhuh nyawaku, ja kwatir; Gusti tan éwah gingsir.
Tut wuria salaminya ing satindaké Gusti.
2
Kula sèstu ndhèrèk Gusti martosken Injil suci.
Datan ajrih ing sangsara, wit Gusti nganthi kula.
Reff
3
Kula sèstu ndhèrèk Gusti mbabarken sih piwlasnya
mring sagung titah ing bumi, dimèn samya raharja.
Reff
4
Kula sèstu ndhèrèk Gusti ngèstokken dhawuh èdi;
sok sintena kang nyatroni, kula ngudi nresnani
Reff