Kidung
KPJ 123 Kula Pitados Mring Gusti
Jml bait: 2
Style: Live8Beat
KPJ 122KPJ 124
1
Kula pitados mring Gusti, peparang ingkang kekah.
Saèstu kula ungsèni, dimèn rineksa tansah.
Nadyan ombak nggegirisi, kula datan kuwatos.
Prahara nguber jaladri, kula tatag ing batos.
Reff
Kula tan was-sumelang; Gusti tan nilar kula.
Wajib kawula cumadhang, gesang manut sabdanya.
2
Kula pitados mring Gusti, dalah sengkut makarya.
Ngrerancang wah mbudidaya, tan kendhat ing pandonga.
Siyaga tansah leladi ing sakatoging driya.
Gusti ingkang minangkani, kula dados sembada.
Reff


Referensi Aransemen :
KPJ 123

Cross Reff :
KPKA 87

Reff Style : Live8Beat ; MM 0

Reff Chord : KPJ 123
Chord KPJ 123
KPJ 122KPJ 124