Kidung
KPJ 122 Kula Pitados
Jml bait: 0
KPJ 121KPJ 123
1
Kula pitados ing Allah, Sang Rama Kang Makwasa;
ingkang nitahaken langit lan bumi saisinya.
Kula pitados ing Gusti Yesus Kristus
Kang Putra ontang - anting lan kesasih,
Gusti Pamarta kula.
2
Kang sampun kabobotaken sing kwasane Roh Suci;
miyos saking prawan Maryam, nahanaken pisakit
kala Pontius Pilatus ingkang ngasta bupatya:
sinalib nglampahi séda, tumedhak mring antaka
3
Tigang dintenipun wungu sing antaka, dyan minggah
dhateng suwarga, apinarak nèng tengenipun Allah
Sang Rama Kang Mahakwasa, king ngriku badhé rawuh.
angadili tiyang ingkang gesang lan ingkang pejah.
4
Nggih pitados ing Roh Suci wah malih wontenipun
pasamwan Kristen satunggil, kang suci sarta umum.
Patunggilané pra suci, pangapuntening dosa,
tanginira para mati, kang sarta gesang baka.
Referensi Aransemen :
KPJ 122

Cross Reff :
KJ 331 KPK 103 KK 692
KPJ 121KPJ 123