1
Krana Gusti kula, Injil ngrembaka;
yeku tuking iman, sumber kraharjan;
gesang cinekapan wah linuberan,
nugraha punika maremken nyawa
2
Gusti paring sabda kebak sih-tresna;
Roh Paduka mbuka pamireng kula;
ndadar mrih kuwawa nyingkiri dosa,
marengna kawula dumugèng swarga.
3
Gusti, kula girang tampi pepadhang;
kamardikan wetah, nuwuhken bingah.
kula kaparengna tansah sih - setya,
murih datan kendhat nggunggung Paduka.