Kidung
KPJ 116 Kabegjan Kang Sejati
Jml bait: 0
KPJ 115KPJ 117
1
Kabegjan kang sejati, tinunggil Gusti.
Yen panggodha ndhatengi, gya dentulungi,
mrih mantep pracaya wah tetep widada,
malah ngesorken dosa, panggah sembada.
2
Kabegjan kang satuhu, rineksa Gusti.
Yèn panandhang ngreridhu, gya dènluwari,
mrih kraharjan nyata rinengkuh slaminya.
Mara tansah sung puja, wit sih-piwlasnya.
3
Kabegjan kang sanyata, jinangkung Allah.
yén rinoban sangsara, gya dénentasna,
mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah,
memuji datan kendhat, nggunggung sih-rahmat.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 121
KPJ 115KPJ 117