Kidung
KPJ 113 Gusti Yesus Sang Pamarta
Jml bait: 0
KPJ 112KPJ 114
1
Gusti Yesus Sang Pamarta, kula ndherek Paduka,
manggul salib ing slaminya klayan bingahing driya.
Kula Paduka kiyatken, sageda tahan sisah;
sampun ngantos kemuriten, sampun cuwa ing manah.
2
Nadyan tinilar ing mitra, sinengitan nèng donya,
kula manteb ing pracaya, ndhèrèk Gusti slaminya.
Lamun Gusti ingkang nganthi, kabegjan kang pinanggya.
Lamun Gusti kang ngasihi, mokal yèn ta cilaka.
3
Karibedan lan sangsara krana ndhèrèk Paduka,
ngiyatken tékating manah, nggayuh Kratoning Allah.
Datan geter datan wedi neksèni Injil suci,
mrih gesang langgeng katampi, wit tinunggil ing Gusti.
Referensi Aransemen :
KPJ 113
KPJ 112KPJ 114