Kidung
KPJ 109 Gusti Pangayom Kang Setya
Jml bait: 0
KPJ 108KPJ 110
1
Gusti pangayom kang setya ngirid lampah kawula.
Nadyan panggodha nempuha, kula tan badhé léna,
wit kinanthi déning Gusti siyang dalasan ratri,
siyang dalasan ratri.
2
Gusti Pangèn kang sejati;
kula tansah rinimat.
Tebih saliring bilahi,
wit sinungan sih-rahmat.
Astanira nglanting kula
neguhaken wardaya,
neguhaken wardaya.
3
Gusti pepadhang sejati;
tansah nuntun kawula.
Nadyan rubéda ngribedi,
datan semplah ing driya.
Berkahira ngreksa kula
ngantos ing salaminya,
ngantos ing salaminya.
Referensi Aransemen :
KPJ 109

Cross Reff :
KJ 412 NR 131 KK 542
KPJ 108KPJ 110