Kidung
KPJ 108 Gesang Kebak Kekeran
Jml bait: 0
KPJ 107KPJ 109
1
Gesang kebak kekeran, angel denjajagi.
Dhatenging kasangsaran trus gilirgumanti.
Namung Paduka Gusti, mirsa samukawisnya.
Kula pasrah, sumarah pangreh Paduka.
2
Gesang kebak kekeran, angel denjajagi.
Reribed, kasisahan, silih andathengi.
Aneng astane Gusti, manah kula tan semplah,
tansah pasrah, sumarah pangrehing Allah.
3
Gesang kebak kekeran, angel denjajagi.
Panggodha wah pacoban mung memiris ati.
Wit pitulunge Allah, kula mantep pracaya.
Kula pasrah, sumarah pangrehing Allah.
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
NR 125
KPJ 107KPJ 109