1
Amung kumandel iku uwiting karosanku.
Amung kumandel iku etuking kraharjanku
Aku datan kuwatir, Pangéran pepujanku
Allah dadi kraharjanku, uwiting karosanku
2
Amung pracaya iku
kang mbungahken driyaku.
Amung pracaya iku
panglipuring batinku.
3
Srana pangandel iku
ngilangken prihatinku.
Srana pracaya iku
sirna was-sumelangku.