1
Allahe para pracaya ing sadhengah jaman,
yeku pangauban kita, tuking kasampurnan.
2
Anèng ngarsaning dhamparnya,
papan katentreman,
panyuwun kang bener nyata,
mesthi kaleksanan.
3
Sajagad raya dumadi
karana sabdanya.
Para titah angakeni
pangwasa punika.
4
Allahé para pracaya
lumintu tresnane.
Mring akèhing kagungannya,
langgeng pangrimaté