1
Allah yeku pangen satuhu, pangrehnya nentremken kalbu.
Kula tansah rinimatan srana sagunging kamirahan.
Ing juranging pati tan wedi bilai,
wit Gusti pribadi kang nganthi.
Nadyan mengsah kathah, manah datan semplah,
wit berkahnya rumentah.
Mung kabegjan saha kadarman ngiring salamining gesang,
sarta kula badhe manggen tansah ing daleme Sang Yehuwah.
2
Ayem manah lan nyawa kula ing ayoming sihé Gusti,
sarta tinuntun astanya ing kayektosan kang sejati.