Kidung
KPJ 100 Allah Ingkang Masuci
Jml bait: 0
KPJ 99KPJ 101
1
Allah ingkang masuci, mugi Gusti melasi,
sampun ngukum kula, merdi klayan bramantya,
nging enggal den entasna sing sisah sangsara.
2
Allah ingkang makwasa
ngrentahna sih-wilasa.
Nyawa kula giris
kanthi deres ing tangis.
Badan sangsaya pepes
manah kraos nggrantes.
3
Allah ingkang matresna
nglubèma kawlasanta.
Rinten dalah ratri,
luh kula tansah mili.
angantya pangluwaran
sing gung karupekan.
4
Allah ingkang maluhur,
puji panuwun katur.
Wit gunging sih-rahmat
dé myarsakken pasambat;
nguwalken sing pra satru,
anentremken kalbu
Referensi Aransemen :

Cross Reff :
KPKA 59
KPJ 99KPJ 101