Kidung
KPJ 1 Allah Iku Mahakwasa
Jml bait: 0
KPJ 2
1
Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi,
tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali.
Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji
2
Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi
Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji.
3
Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti,
gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti.
Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi.
4
Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu.
krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu,
yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.
Referensi Aransemen :
KPJ 2